contoh pidato kelulusan



Assalamualaikum wr.wb

 Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, ingkang kinurmatan Bapak Ibu guru sarta sedaya karyawan TU, sarta rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindah sumangga sesarengan kita ngunjukkaken puji syukur dumateng Gusti ingkang sampun maringi kasarasan lan kanikmatan saengga kita saged makempal ing panggenan menika tanpa alangan satunggal menapa.

 Boten kesupen kula aturaken panuwun dumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa rawuh wonten adicara menika.
 
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil saking kelas 3 ngaturaken nyuwun pamit dhumateng panjenengan sedaya. Sadangunipun kirang langkung tigang tahun kula sakanca sampun ngudi ilmu wonten sekolahan menika.Wonten pamulangan saben dintenipun kula sakanca asring damel kalepatan awit menika, kula sakanca nyuwun pangapunten. Mugi-mugi Bapak Ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti Ingkang Maha Agung, amin.

 Ing wasana cekap semanten atur kula lan nyuwun tambahing pangestu mugi-mugi kula sak rencang saged pikantuk sekolahan ingkang langkung sae, lan boten kesupen mbok bilih wonten atur kula ingkang kirang tuju prana pramila kula nyuwung agunging pangarsami.
 
 Wassalamualaikum wr.wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Letkol Isdiman

Tangkuban perahu

Canteen observation